Langgam jawa. WEKASING JANJI
Elingku jaman semono
Dek nalikane sih anyar ketemu
Ra sepi ing rina wengi sasate
Lintang mbulan dolanane
~
Opo kang sinedyo dadi
Lan ora nate agawe kuciwa
Boyo wekasaning janji saiki
Dene lali purwaning sesanti
~
Prasetyaning budi sing katon nyoto
Tansah ora nglegani
Mbok ya elinga mbiyen rupa apa
Saiki katonne apa.....sajak'e (break)
~
Bumi langit antarane
Tuwuh ing janji doh banget nyatane
Sak solahe ra ngrenani wis mesti
Tansah ra dadi senenge ati
Dek nalikane sih anyar ketemu
Ra sepi ing rina wengi sasate
Lintang mbulan dolanane
~
Opo kang sinedyo dadi
Lan ora nate agawe kuciwa
Boyo wekasaning janji saiki
Dene lali purwaning sesanti
~
Prasetyaning budi sing katon nyoto
Tansah ora nglegani
Mbok ya elinga mbiyen rupa apa
Saiki katonne apa.....sajak'e (break)
~
Bumi langit antarane
Tuwuh ing janji doh banget nyatane
Sak solahe ra ngrenani wis mesti
Tansah ra dadi senenge ati
0 komentar: