Langgam jawa. TANGISING ASMORO
Kusuma woting atiku
Amung sira kang tansah ngalela
Pinda sesotya bawana
Sapa wonge kang ora kayungyun
~
Lelewane merak ati
Gandes luwes sak solah bawane
Yen cinandra duh kusuma
Lir sesotya ya mung sira mirah ingsun
~
Nora kuwawa
Tangising asmara
Paribasan timbang wirang
Luwung mati yen nganti wurung
~
Urip kaya tanpa guna
Nadyan tansah kuciwa ing sedya
Alelana tanpa sotya
Ngupadi usada tangising asmara
Amung sira kang tansah ngalela
Pinda sesotya bawana
Sapa wonge kang ora kayungyun
~
Lelewane merak ati
Gandes luwes sak solah bawane
Yen cinandra duh kusuma
Lir sesotya ya mung sira mirah ingsun
~
Nora kuwawa
Tangising asmara
Paribasan timbang wirang
Luwung mati yen nganti wurung
~
Urip kaya tanpa guna
Nadyan tansah kuciwa ing sedya
Alelana tanpa sotya
Ngupadi usada tangising asmara
0 komentar: